pengen ngerti alasane we....
saiki opo gelem awakmu kerjo jalok2 nang wong2 pinggir dalan ?
opo gelem awakmu nyolong² trus di gepuk'i wong akeh ?
opo gelem awakmu ngamen nang perempatan lampu merah ?
nek aku pribadi yo pengen dadi anggota DPR utuwo presiden
lah keadaan seng gak mengijinkan
pendidikan ae mentok SMP
untung wes iso komputer meski pertama kali ae ra iso opo²
teko OP aku iso kenal arek² akeh
teko OP aku entok motor 2
teko OP aku iso benakne omah
teko OP aku iso bandani adekku
saiki di sukuri ae opo onok'e
ape jalok kerjoan enak yo kudu akeh bondone
nek koyok awak²an opo seng ape di andalno
ape gadekno harga diri a ?
kabeh wong yo pingin dadi gede
tapi nek wes kemampuane sak munu mosok ape di pekso ae
ibarat gae klambi "klambi nek kecilik'en nek tetep ae di pekso pasti suwek"